Wadon sing “Wadon”

“Suargo munut neraka katut”, jan pancen pribasa kaya kuwe wis ora pantes de omongna kanggo wong wadon jaman saiki. Wong wadon pada nduweni pikiran dhewek-dhewek, nduweni hak ngomong ya neng organisasi utawa nang pemerintahan. “EMANSIPASI”. Nah, kuwe sing kadang-kadang de dadekna wong wadon saiki nggo parikan. Pancen ora salah nek ana pribahasa lia sing ngomongna wong wadon kuwe sakaning negara. Senajan kadang-kadang ora patia keton gerakane tapi nyatane wong wadon nduweni peranan sing penting neng seakehane panggonan kawit sekang masalah pedhangan nganti tekan masalah pemerintahan. Kabeh mau ora bakalan pisah sekang campur tangane wong wadon.
Awit jaman gemiyen nganti jaman saiki pancen sing arane wong wadon kuwe lemah lembut, tapi mergo lemah lembute kuwe wong wadon nduweni kekuatan sing mpringgani aliase luar biasa. Mpirang-mpirang contone wong lanang sing ora bisa sukses mergo kenang godaane wong wadon, awit jamane Adam be wis katon bisa-bisane detokna saka suargo ya mergo wong wadon aliase Siti Hawa. Nek ndelengna kahanane jaman saiki jan...pancen wong wadon akeh banget sing wis melenceng sekang hukum-hukume agama, sing kadang-kadang marakna wong wadon jan wis kaya langka regane babar blass. Turut dalan be wis bisa dedeleng wong wadon sing nggoli Anggon-anggon marekna matane wong lanang pada mecicil bae, ana maning sing pada tatoan, cukur kaya wong lanang sing kadang-kadang angel nggo mbedakna wong lanang lan wong wadone.
Mulane ngganuan wong wadon Nahdliyin ya kuwe Muslimat, Fatayat lan IPPNU-ne kena nggo contho wong wadon liya. Bareng-bareng ngapiki awake lan akhlake ben supaya wong wadon kuwe nduweni budi pekerti sing luhur. Aja mung ngandelli pupur thok tapi ya uga ngandelli imane. Nek ayu raine tur ayu atine toli kepenak de sawang tur gelis payune. (Allohumma..Amin). Nek wong wadon pada apik-apik akhlake toli teyeng ngelingna sing lanang bosa arep nglakoni perkara ala, aja nganti wong wadon ko malah prentahi sing lanang kon nyolong, korupsi utawa lia-liane jaaan..kebo ngeden. Cara ahli hukum jere wong wadon kuwe pendorong tindak pidana sing paling akeh. ”Merga wong lanang akeh-akeh geleman tur nekadan” (sst.. ja mangkel)
De pada emut sedulur, wong wadon ya de kaya wong wadon, ora usah melu-melu sing ora patut de tiru. ”Wong sing apik ya sing ngerti kodrate wong wadon”. Jan-jane tugas wong wadon kuwe abot. Ngurusi keluarga/anak, kadang ana sing kerja, detambah ngurusi bojo. Sing ora patut toli, wis sibuk kerja, tapi ora kober ngurusi keluarga. Bodol awake. Sapa sing kepiran?

0 komentar: