Urung Temua

Sengsaya ora krasa IPNU-IPPNU wis yuswa 53 IPNU lan 52 IPPNU nanging menawi dipun tingali saking kasunyatanipun yuswa 53-52 tahun punika sanes dados jaminan temuanipun organisasi ingkang wonten ngandaping naungan NU punika. Nanging menawi dipun tingali saking kemajuanipun IPNU-IPPNU zaman sa'punika sampun langkung maju, kebukti katahipun anggota IPNU-IPPNU ingkang dados pengurus ketimbang ingkang mboten.
Menawi dipun tingali saking temuanipun organisasi punika IPNU-IPPNU kadosipun teksih kirang sanget, amargi kahananipun pengurus ingkang tansah dados urusan punika taksih katah (khususipun tingkatan ngandap) mila saking punika mangga kito ngengilo utawi “introspeksi” awak piyambak, kapan IPNU-IPPNU saged temua, saged maju menawi kita ingkang dados pengurus malah dadi urusan?.
Zaman sapunika kathah ingkang ningali organisasi IPNU-IPPNU sampun melenceng utawi ketingal awon teng peningalipun Masyarakat. Menapa panci kados makaten? Sejatosipun IPNU-IPPNU saking rumiyin ngantos saniki mboten ketingal awon, nanging amargi kaluputan utawi tingkah laku saking sebagian pengurus punika ingkang ndadosaken IPNU-IPPNU ketingal awon.
Menawi kita gatosaken IPNU-IPPNU punika organisasi ingkang paling timur saking NU. Mila sampun dados tanggung jawabipun kita sedaya ngengingi menapa ingkang bade dados lampahipun organisasi benjing ing mangsa ingkang bade dateng.
Pramila mangga sami ling-kinalingan menawi wonten lepat lampahipun IPNU-IPPNU, sebab mboten saged dipun pungkiri organisasi punika ingkang sanget mbetahaken bimbingan lan ugi dorongan semangat saking kita sedaya mboten tua, mboten anem. Menawi kito ngraos tiyang Nahdiyin, menikolah tanggung jawab kita.
Menawi IPNU-PPNU saniki saged langkung sae Insya Allah Nahdiyyin-Nahdiyyin ingkang badhe dateng langkung sae malih. Leres…? (B-3#Alyen)

0 komentar: