Njuh Sinau

Sopo sing pengin kasil dunya, ya kudu nganggo ngelmu, sopo sing pengin kasil akhirat ya, kudu nganggo ngelmu. Sopo sing pengin kasil loro-lorone ya kudu nganggo ngelmu. Pancen bener pangandikane kanjeng Nabi Muhamad SAW nang dhuwur mau. Nyatane suksese utawa kasile wong bisa diukur ya merga ngelmune. Mulane nek wong koh ora nduweni ngilmu ya ora bakalan kasil dunya apa maning kasil akhirat. Ora bisa di pungkiri maning nyatane sekabehane penggawean kuwe kudu ana ngilmune. Kawit tukang macul, tukang tandur, tukang cukur ngantekan gubernur, kabeh mau ya, kudu nganggo ngelmu. Siki de pikir jajal, tukang cukur koh ora nganggo ngelmu, ya ndean goli nyukur janji “krek” sing akhire ya, rambute pada poak kaya de krikiti sremet, ya ndan de guyu pitik (pitik si nggoli ngguyu kaya ngapa..??)
Lha, siki priwe kon supayane nduwe ngilmu? Ya, ora dalan liya kejaba sinahu aliase sekolah. Wis mpirang-mpirang ikih sekolah kawit TK ngantekan unipersitas wis njeprah, ora kaya gemiyen arep sekolah baen nggoli mlaku adoh pisan tur urung ana Angkot. Mulane bocah gemiyen akeh-akehe ora pada mangan bangku sekolahan. (wong genah atoss !!) Apa maning siki pemerintah wis ngaweh dalan mpirang-mpirang ana sing arane BOS (Bantuan Operasional Sekolah), ana SMP Terbuka, lan liya-liyane. Pokoke wis kepenak nek arep sekolah.
Mulane sedulur sing lagi pada sekolah ya de nemen goli sekolah. Sing lagi pada kuliah ya sing temen goli kuliah. Aja ketungkul pada pacaran baen! Melas ramane nggoli nyambut gawe meres keringet banting ember (nana balung apa ?!) nggo mbiyayani kuliah. Malah ana sing dienggo “nyokri” tok, nek ngerti toli nelangsa.
Menungsa kuwe wajib sinahu kawit jebrol aliase lahir ngantekan is dead aliase modhar. Mulane rika sing wis pada tua ya esih tetep kudu nggolet ngelmu. Kadaran nggolet ngelmu ora kudu neng sekolahan tok! Sinahu ya uga bisa neng pengajian, neng organisasi utawa neng liya-liyane sing penting pengetahuane bisa tambah. Intine kabeh perkara sing neng dunya kiye bisa dadi ngilmu, mung gari-garine menungsane pada gelem sinahu apa ora. Merga ngilmune Gusti Allah ra bakalan enthong senajan banyu segara de dadikna mangsi nggo nulis ngelmune Gusti Allah.
Nah kiye sing paling penting. Akeh-akehe manungsa kuwe pada katungkul sinahu dunya tapi kadang-kadang nganti kelalen ngelmu agama, padahal sing arane ngilmu agama kuwe penting banget. Mpirang-mpirang contone wong sing pinter ngilmu dunya tapi ora de imbangi ngilmu agama. Akhire kepinterane de salah gunakna. Kaya kae, pejabat-pejabat sing pada korupsi, kae jane ya wong pada pinter tapi ora bener. Ora benere ya merga kurange ngelmu agama sing dadine kelakuane pada sekarepe wudelle dhewek. Mulane ngganuan pada sregep nggolet ngelmu dunya ya de imbangi karo ngelmu agama ben supaya dadi wong sing pinter tur bener, bisa dadi wong beja dunya akhirate (..sangidun fiddunnya wa sangidun fil akhiroh..) Allahumma..Amin.
Nah, sing esih pada enom, saiki ora usah pada mikiri sing liya-liya dhisit. Mikir bae priwe carane ben dadi wong pinter, merga nek dadi wong pinter dunya pada mburu dhewek, ora usah di uber-uber. Aja maning bocah wadon, laler be pada mencrok dhewek.

*A.Ali Muslimin adalah salah satu perintis B-3 & masih aktif sebagai Wartawan.

0 komentar: