WARATILIL QURANAA TARTILAN “SYIFAAUL JANAAN”

diterjemahkan oleh : era prima nugraha

Mukaddimah
Alkhamdulillahi washolla rabbunaa
Utawi sekabehaning puji iku kagungane Gusti Allah, lan muga-muga paring tambah rahmat tadhim sapa Pangeran kitha
‘Alannabiyyil musthofaa khabibinaa
Ing atase Nabi Muhammad kang den selir hiya kekasih kitha
Wa aalihii wa shohbihii wa manqaraa
Lan muga-muga tetepa ing atase keluargane Nabi lan shohabate Nabi lan wong kang maca sapa man
Wahaka fittajwiidi nadhoma khurirra
Lan ngalapa sira ing dalem ngilmu tajwid ing nadhzoman kang dibersihake apa nadhzom
Tegese :
Kabeh puji iku kagungane Gusti Allah kang Maha Agung, lan muga-muga tambaho kawelasan sartho kaagungan tetepa kanjeng Nabi Muhammad SAW sing pinilih hiya kekasih kita uga lumebero ing atase kaluargane sa sahabate, lan kabeh wong kang maca Qur’an kang apik-apik. Ewadene kuwi becik ngajiha ngilmu tajwid ing nadzhoman kang wus dibersihake

Sammaituhu hidayatushshibyaani
Ngarepi sapa ingsun ing nadzhom ing aran hidayatushshibyaan
Arjuu ilaa ghooyatar ridwaani
Ngarep-arep ingsun ing pangeran ingsun ing kateka karidhlon
Tegese :
Nadzhoman iki takjenengi Hidayatashshibyaan, maknane nuduhake ing bocah-bocah. Olehku ngarang kanthi ngarep-arep banget ing kateka ridhlone Gusti Allah.


BABU AKHKAAMITTANWIINI WANNUNISSAAKINATI
“utawi iki iku bab nerangake pira-pira hukume tanwin lan nun kang mati”

Kang aran tanwin iku nun mati kang manggon ana ing akhire isim kang kathon nalika diucapake lan ilang nalika ditulis lan nalika pinuju waqof.
Dene nun sakinah iku nun mati kang tetep nalika kaucapake lan nalika katulis lan nalika waqof, padha uga manggon ana ing khuruf, utawa ing isim, utawa ing fi’il.

Ahkaamu tanwiinin wanuunin taskunu
Utawi pira-pira hukume tanwin lan nun kang mati apa nun
‘Indal hijaai khomsatun tubayyanu
Nalika ketemu huruf Hijaiyah iku lima kang diterangake apa lima
Tegese:
Hukum-hukume tanwin lan nun mati nalika ketemu salah sijine huruf hijaiyah 28, iku ana lima sing bakal katerangake kabeh ing ngisor iki, insya Allah.

Idzhhar, idghomun ma’alghunati auw
Suwiji wacan idhar, lan idghom sartho mbrengengeng
Bighoirihaa walqolbu wal ikhfaa rowau
Utawi idghom tanpa mbrengengeng lan iqlab lan ikhfaa pada nyeritaake sapa qurra
Tegese :
Rupane lima mau hiya iku :
Idhar (ngetoake saben-saben huruf saka makhroj tanpa mbrengengeng/jelas)
Idghom ma’alghunnah (manjingake khuruf awal maring khuruf kaping pindo, sakira dadi khuruf siji kang ditasdid sarana mbrengengeng)
Idghom bighoirilghunnah (idghom tanpa mbrengengeng)
Iqlab (angganthi tanwin lan nun mati ing mim)
Ikhfaa (nyamarake wacan antarane idhar lan idghom tanpa tasydid sarana mbrengengeng)

Fadzhir ladaa hamzin wahaain khaai
Nuli macaha idzhar sapa sira nalika ketemu hamzah lan haa lan khaa
Wal ngaini tsummal ghoini tsummal khooi
Lan ngain nuli ghoin nuli khoo
Tegese :
yen kapan ana tanwin lan nun mati ketemu salah sijine khuruf khalaq nenem hiya iku : hamzah, haa, khaa, khoo, ngain, ghoin, wajib kawaca idzhar

wadghim bighunnatin biyanmuu laa idzaa
lan macaha idghom sira kelawan mbrengengeng kelawan khuruf lafath yanmuu, ora nalika ana apa salah sijine khuruf lafath yanmu (yaa, mim, nun, wawu)
kaanaa bikilmatin kadunyaa fanbidzaa
lan nun mati iku tunggal sakalimah, kaya lafath “dunyaa” mangka buwango temen sira
Tegese :
Kapan ana tanwin lan nun mati ketemu salah sijine khuruf papat kang kumpul ing lafath yanmuu (ya, nun, mim, wawu) wajib kawaca idghom bighunah (mbrengengeng)
Kejaba yen ana nun mati ketemu salah sijine huruf “yanmu” nanging tunggal sakalimat, mangka wajib kawaca idzhar, perlune supaya ora serupa karo lafath kang mudhongaf

Wadghim bilaaghunnatin fii laami wa roo
Lan macaha idghom sapa sira kalawan ora mbrengengeng (bilaghunnah/bighoirighunnah) ing dalem ketemu lam lan ra
Tegese :
Kapan ana tanwin lan nun mati ketemu lam atawa ra, wajib kawaca idghom bilaghunnah (ora mbrengengeng)

Walqolbu ngindal baai mimaan dzukiraa
Utawi ngganti tanwin lan nun mati nalika ketemu ba ing mim iku disebut apa qolab
Tegese :
Kapan ana tanwin lan nun mati ketemu ba wajib kawaca iqlaab ( tanwin lan nun mati nggantinen ing mim mati) kaya lafath : min ba’dihii ; wacan : mimba’dihii

Waakhfiyanna ngindabaa fil akhrufi
Lan macaha ikhfaa temen-temen sapa sira nalika ketemu sakarine pira-pira khuruf
Jumlatuhaa khomsatu ngasyrin faa’rifi
Kang utawi kumpul sakarine pira-pira khuruf iku limolas, mangka weruha sapa sira
Tegese :
Kuwe macaha ikhfaa temenan, yen kapan ana tanwin lan nun mati ketemu sakirane huruf ngarep mau kang akehe ana limolas kang wis kumpul ana ing kawitane syiir iki : ta, tsa, jim, dal, dzal, za, sin, syin, shod, dhlod, tho, dzho, fa, qof, kaf.

Shifdaatsanaa kam jaada syahshun qodsamaa
Nyipatana sapa sira ing iki ewong kelawan pengalem pirang-pirang loma sapa wong kang temen-temen luhur sapa wong
Dum thoyyibaan zidfii tuqon dhlo’dzhoolimaa
Ngelanggengna sapa sira khalla wong kang bagus tambahna sapa sira ing dalem wedi ing Allah, ngilangana sapa sira ing wong kang nganiaya.


BABU AKHKAAMI MIIMI WANUUNI MUSYADADTAIN WAL MIIMI SAKINATI
“utawi iki iku bab nerangake pira-pira hukume mim lan nun kang ditasydidi karana lan mim kang mati”

Waghunnatun qod aujabuu haa abadaa
Utawi mbrengengeng iku temen-temen pada majibake sapa qurro ing ghunnah ing dalem salawase
Filmiimi wannuuni idzaa maa syaddidaa
Ing dalem mim lan nun nalika ditasydidi apa mim lan nun
Tegese :
Ghunnah (mbrengengeng) iku wajib kapertilaake ana ing mim lan nun kang nalika ditasydidi, mengkono mau miturut mufakat ulama tajwid, kaya lafath ; inna, mimma.
Wal miimu intaskun ladal baa tukhtafii
Utawi mim lamun mati apa mim nalika ketemu ba iku diwaca ikhfaa apa mim
Nahwu’tashim billahi talqosysyarofaa
Kaya lafath I’tashim billah, cecekelana sapa sira kelawan agamane Allah mongko nemu sira ing kamulyan
Tegese :
Kapan ana mim mati ketemu ba, wajib diwaca ikhfaa syafawi, kaya lafath : I’tashim billah, ambihii, dll.

Wadghim ma’al ghunnati nginda mitslihaa
Lan macaa idhom sapa sira sertane mbrengengeng nalika ketemu sepadhane mim.
Tegese :
Kapan ana mim mati ketemu sepadhane mim wajib diwaca idghom ma’al ghunnah (mbrengengeng), kaya lafath : amman, kammin.

Wadghir ladaa baqilhuruufi kullihaa
Lan macaa idhar sapa sira nalika ketemu sekarine pira-pira huruf hiya kabeh huruf
Tegese :
Kapan ana mim mati ketemu sekarine huruf ngarep mau kang kumpul kabeh ana nemlikur, hiya iku (kabeh huruf hijaiyyah) wajib kawaca idhar syafawi.

Wakhrish ngalal idhaari ngindal faai
Lan semangata sapa sira ing atase maca idhar nalika ketemu “fa”
Wal waawi wakhdzar daa ngiyal ikhfaai
Lan wawu, lan wediha sapa sira ing barang kang narik maca ikhfaa
Tegese :
Nalika ana mim mati ketemu “fa” lan “wawu” wajib semangat maca idhar temenan. Aja pisan-pisan maca ikhfaa kaya lafath : hum fiihaa, ngalaihim walaa, dll.

BABUL IDGHOMI
“utawi iki iku bab mertelaake idghom”

Ighoomu kulli saakinin qod wajabaa
Utawi idghom saben-saben huruf kang mati iku temen-temen wajib apa idghom
Fii mitslihii kaqoulihii : idz dzahabaa
Ing dalem sapadane khuruf kang mati kaya dawuhe Allah ta’ala lafath : idz dzahaba
Tegese :
Kapan ana huruf loro pada karono sing awal mati, wajib diwaca idghom mitsli, pada uga tunggal sakalimat kaya lafath : yudrikkumul maut, utawa rong kalimat kaya lafath : idz dzahaba

Waqis ngala haadzaa siwaawaawin talaa
Lan mada-madana sapa sira ing atase iki hukum idghom saliyane “wawu” kang nyanding apa wawu
Dhloman wa yaain ba’da kasrin yujtalaa
Ing dhumah lan liyane “ya”, kang sawuse kasroh kang dipertelaake apa kasroh
Min nahwi fii yaumin liyaain adzhharuu
Saking sapadane lafath : fii yaumin maring “ya” pada maca idhar sapa qurro
Wal waawi min nahwish biruu washobiruu
Lan maring “wawu” saking sepadane lafath : ….. pada sabaro sira kabehlan pada betah sira kabeh
Tegese :
Conto ngarep mau pada-padakna maneh kaya dene “ta mati” ketemu “ta”, hiya iku wajib kawaca idghom mitsli kaya lafath : famaa rabihat tijaa ratuhum, kejaba yen ana “wawu mati” tumiba sawuse dhommah ing kono ngadepi “wawu”, kaya lafath : ishbiruu washoobiruu. Utawa yen ana “ya mati” tumiba sawuse kasroh ing kono ngadepi “ya”, kaya lafath : fii yaumin, mengkono iku wajib ka-idhar-ake. Ora kena ka-idghom-ake supaya ora ilang dawane wawu lan ya.

0 komentar: